صَلِّ يَا سَلَامْ عَلَى الْوَسِيلَةْ
Dhuh Gusti Ingkang Maha Sejahtera, mugi karsaa paring sholawat dhumateng Sang Wasilah.
Jv
صَلِّ يَا سَلَامْ عَلَى الْوَسِيلَةْ
وَشَمْسِ الْأَنَامْ طَلْعَةِ لَيْلَى
Duh Sang Maha Tentrem, mugi kersa maring sholawat dhateng Sang Wasilah
sarta suryaning jagad, pepadhanging cahyanipun Layla
يَا سَاقِي الْعُشَّاقْ أَمْلَ الْكُؤُوسَا
مِنْ خَمْرِ الْأَذْوَاقْ يُحْيِي النُّفُوسَا
Duh Sang Juru Laden tresna, isènana tuwung-tuwung
mawi sarining roso ingkang nggugah jiwa
حَضْرَةُ الْإطْلَاقْ أَبْدَتْ شُمُوسَا
مَحَتِ الرَّوَاقْ عَنْ وَجْهِ لَيْلَى
Ing ngarsane Sang Maha Wiyar, surya-surya katingal
nyirnakake pepeteng saking pasuryane Layla
صَلِّ يَا سَلَامْ عَلَى الْوَسِيلَةْ
وَشَمْسِ الْأَنَامْ طَلْعَةِ لَيْلَى
Duh Sang Maha Tentrem, mugi kersa maring sholawat dhateng Sang Wasilah
sarta suryaning jagad, pepadhanging cahyanipun Layla
مُبْتَغَى الْعُشَّاقْ حِينَ تَجَلَّى
فِي ذَاتِ الْخَلَّاقْ اَلْمَوْلَى جَلَّ
Panjangkane para sutresna nalika Panjenengane tajalli
ing njerone Dzat Kang Maha Nyipta, Gusti Kang Maha Luhur
مِنْ بَحْرِ الْإِطْلَاقْ حِينَ تَجَلَّى
بِكُلِّ رَوْنَقْ جَمَالُ لَيْلَى
Saking seganten tanpa tepi nalika Panjenengane tajalli
mawi sedaya cahya endahing Layla
صَلِّ يَا سَلَامْ عَلَى الْوَسِيلَةْ
وَشَمْسِ الْأَنَامْ طَلْعَةِ لَيْلَى
Duh Sang Maha Tentrem, mugi kersa maring sholawat dhateng Sang Wasilah
sarta suryaning jagad, pepadhanging cahyanipun Layla
صَاحَتِ الْأَطْيَارْ فَوْقَ الْمَنَابِرْ
وَفَاحَ الْأَزْهَارْ وَالرَّوْضُ عَاطِرْ
Peksitama munya ing sanginggiling mimbar
sekar-sekar ngganda wangi, petaman ngebaki sari
رَنَّتِ الْأَوْتَارْ وَالْحِبُّ حَاضِرْ
غَنِّ يَا خَمَّارْ بِحُسْنِ لَيْلَى
Kidung rebab kumandhang nalika Sang Kekasih rawuh
nyanyia duh Sang Juru Laden, babagan endahing Layla
صَلِّ يَا سَلَامْ عَلَى الْوَسِيلَةْ
وَشَمْسِ الْأَنَامْ طَلْعَةِ لَيْلَى
Duh Sang Maha Tentrem, mugi kersa maring sholawat dhateng Sang Wasilah
sarta suryaning jagad, pepadhanging cahyanipun Layla
يَا عَيْنَ الْعُيُونْ ظَهَرْتَ جَهْرَا
بِجَمْعِ الْفُنُونْ كَأْسًا وَخَمْرَا
Duh tuking sedaya sumber, Panjenengane katingal cetha
ing sedaya wujud, ing tuwung sarta sarining roso
زَالَتِ الشُّجُونْ طَابَتِ الْحَضْرَةْ
بِالسِّرِّ الْمَكْنُونْ مِنْ كَنْزِ لَيْلَى
Sedhih wis sirna, kahanan dadi mulyo
amarga wadine rahasia saking gedhonging Layla
صَلِّ يَا سَلَامْ عَلَى الْوَسِيلَةْ
وَشَمْسِ الْأَنَامْ طَلْعَةِ لَيْلَى
Duh Sang Maha Tentrem, mugi kersa maring sholawat dhateng Sang Wasilah
sarta suryaning jagad, pepadhanging cahyanipun Layla
اِبْنُ يَلِّسْ هَامْ لَمَّا سُقِيَا
مِنْ خَمْرِ الْأَذْوَاقْ فَانِي بَاقِيَا
Ibn Yallas ketaman rindu nalika dipun sukani unjukan
saking sarining roso, piyambake sirna banjur langgeng
عَلَيْكَ السَّلَامْ خَيْرَ الْبَرِيَّةْ
مَا سُقِيَ الْمُدَامْ فِي حَيِّ لَيْلى
Katentreman kagem Panjenengane, pinunjuling makluk
saksuwene sarining roso disajèkake ing papaning Layla