مَا مَعِي وَجَهْ قَابِل بِهْ سِوَى حُسُنْ ظَنِّي
Mboten wonten pasuryan kagem kula madhep dhumateng Panjenengan, kejawi sae panyangka kula.
Jv
مَا مَعِي وَجَهْ قَابِل بِهْ سِوَى حُسُنْ ظَنِّي
فِيكْ يَا رَبِّ فَارْحَمْنِي وَلَا تَمْتَحِنِّي
Mboten wonten pasuryan ingkang saged kula sowanaken kejawi panyana sae kula
dhumateng Paduka, dhuh Gusti, paringana kawelasan lan sampun paring pacoban
تُبْتْ يَا رَبِّ فَاقْبَلْ تَوْبَتِي وَاعْفُ عَنِّي
وَامْحُ ذَنْبِي وَسَامِحْ كُلَّ تَقْصِيرْ مِنِّي
Kula mratobat, dhuh Gusti, mugi nampi tobat lan paring pangapunten
mbusaka dosa kula lan ngapunten sedaya kekirangan kula
خِفِتْ مِنْ عَاقِبَةْ أَمْرِي فَجُدْ لِي بِأَمْنِي
مَحِضْ فَضْلٍ وَإِحْسَانٍ وَجُودٍ وَمَنِّ
Kula ajrih dhumateng pungkasaning lampah, mugi paring katentreman
kanthi murni kanugrahan, kasaenan, loman, sarta peparing Paduka
آه مِنْ عَثْرَتِي يَا رَبِّ مِنْهَا أَقِلْنِي
زَادْ ذَنْبِي وَمِنْ كُثْرِ الْخَطَا حَارْ ذِهْنِي
Duh Gusti, saking kaluputan kula mugi kersa njunjung kula
dosa kula mindhak kathah, lan saking kathahing luput, pikiran kula bingung
أَدْرِكْ أَدْرِكْ بِتَعْجِيلِ الْفَرَجْ وَانْتَقِدْنِي
وَاعْطِنِي عِلِمْ مِنْكَ يَا إِلَهِي لَدُنِّي
Mugi enggal paring pitulungan sarta paring kabebasan
lan paringana ngelmu saking ngarsa Paduka piyambak, dhuh Pangeran kula
يَنْجَلِي بِهْ عَنِ الْقَلْبِ الْصَّدِى كُلَّ رَيْنِ
ياَ سَمِيعَ الْدُّعَاءْ سَلْكَ اسْتَجِبْ وَاسْتَمِعْنِي
Ingkang saged ngicalaken teyeng lan sedaya pepeteng saking manah
Duh Ingkang Maha Mireng panyuwun, mugi nyembadani lan midhangetaken kula
مَا لِي إِلَّا أَنْتَ مُعْطِي
مَا لِي إِلَّا أَنْتَ مُغْنِي
Mboten wonten malih kagem kula kejawi Paduka Ingkang Paring
mboten wonten malih kagem kula kejawi Paduka Ingkang Maringi kacukupan