صَفَتِ النَّظْرَهْ
Wening Panyawang
Jv
صَفَتِ النَّظْرَهْ طَابَتِ الْحَضْرَةْ
جَاءَتِ الْبُشْرَى لِأَهْل اللهِ
Wening paningal, arum pasamuan
Rawuh kabar kabungahan kagem para kekasihe Allah
قَامُوْا سُكَارَى لِذِي الْبِشَارَه
جَعْلَوْا عِمَارَهْ شُكْراً لِلّهِ
Jumeneng lir mendem karana pawarta
Ngebaki pasuwanan kanthi sukur mring Allah
أَيُّهَا الْحَاضِرْ اُذْكُرْ وَذَاكِرْ
إِيَّاكَ تُنْكِرْ حَالَ أَهْلِ اللهِ
Duh para ingkang rawuh, elinga lan asung pepeling
Aja pisan-pisan maido kahanane para kekasihe Allah
فَسَلِّمْ لَهُمْ فِيمَا عَرَاهُمْ
وَاعْلَمْ أَنَّهُمْ غَابُوْا فِي اللهِ
Pasrahna marang kahanan kang nempuh dheweke
Lan mangertia yen dheweke wus sirna jroning Allah
فَالْوَجْدُ بِهِمْ دَاعِيْ يَدْعِيْهِمْ
يَطْرَأْ عَلَيْهِمْ فِيْ ذِكْرِ اللهِ
Awit rasaning wajad minangka panyeluk
Kang nekani dheweke nalika memuji mring Allah
وَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَلْيَتَوَاجَدْ
قَصْداً يَتَعَرَّضْ لِفَضْلِ اللهِ
Sing sapa ora nemu wajad, muga budidaya ngrasakake
Kanthi niyat nyadhong lubering kanugrahane Allah
هَكَذَا قَالُوْا وَلِذَا مَالَوْا
وَلَقَدْ غَالُوْا فِي ذِكْرِ اللهِ
Kaya mangkono ngendikane lan njogete
Saestu wus lali sakabehe jroning dhikir mring Allah
حَتَّى قَدْ ظَنَّا مَنْ لَيْسَ مِنَّا
أَنَّا جُنِنَّا بِذِكْرِاللهِ
Nganti wong-wong ing sanjabane kita nyangka
Yen kita wus owah pikire krana dhikir mring Allah
هَنِيْئاً لَنَا ثُمَّ بُشْرَانَا
إِنْ كَانَ لَنَا حُمْقٌ فِي اللهِ
Beja sanget kita lan dadi kabar bungah
Yen pancen kita "edan" krana katresnan mring Allah