أَلْفٍ صَلَّى الله عَلَى زَيْنِ الْوُجُودْ
Sewu Shalawatipun Allah dhumateng Pepaesing Wonten
Jv
أَلْفٍ صَلَّى الله عَلَى زَيْنِ الْوُجُودْ
مَنْ سَكَنْ طَيْبَة وَخَيَّمْ في زَرُودْ
Sewu sholawatipun Allah katur dhumateng Pepaesing Jagad
Ingkang dedalem wonten Taybah lan masang tarub wonten Zarud
يَا بُدُورَ الْحَيِّ يَا رَبْعَ الْكِرَامْ
بَلِّغُو ظَبْيَ الْحِمَى مِنِّي السَّلَامْ
Duh rembulan-rembulaning papan, duh griyanipun tiyang mulyo
Aturaken salam kawula dhumateng sang kidang ing tanah suci
إِنْ تَهَتَكْنَا عَلَيْكُمْ لَا نُلَامْ
غَلَبَ الْوَجْدُ عَلَيْنَا وَ الْغَرَامْ
Menawi asmara kawula kabikak dhumateng panjenengan, mboten pantes dipun cacad
Amargi raos kangen lan tresna sampun nindhihi jiwa
لَا يَنَامُ اللَّيْلَ عَاشِقْ مُسْتَهَامْ
إِنَّمَا النَّومُ عَلَى الْعَاشِقْ حَرَامْ
Mboten saged nendra ing wanci dalu tiyang ingkang nandhang bronto
Sayektosipun nendra punika haram tumrap tiyang ingkang kasmaran
سَادَتِي إِنْ لَمْ تَحِنُّو بِاللِّقَا
مِتُّ وَجْدًا فَلَكُمْ طُولُ الْبَقَاء
Duh para gusti kawula, menawi mboten paring palimirma pepanggihan
Kawula badhe pejah margi kangen, nanging mugi panjenengan lestantun salaminya
أَنَا إِنْ لَمْ أَهْوَا غِزْلَانَ النَّقَاء
أَيُّ فَرْقٍ بَيْنَ قَلْبِي وَ الْجَمَادْ
Menawi kawula mboten nresnani para kidang ing al-Naqa
Punapa bedanipun antawisipun manah kawula kaliyan sela ingkang pejah?
آنَسَ اللهُ بِكُمْ أَوْقَاتَنَا
وَسَقَى وَادِيكُمُ فَيْضَ الْغَمَامْ
Mugi Allah ndadosaken wekdal kita asri amargi panjenengan
Lan mugi jawah saking mega nyirami lembah panjenengan