مَا لِلنِّيَاقِ إِذَا حَدَا جَمَّالُهَا
Ana apa kelawan unta-unta wadon nalika sing nuntun nembang?
Jv
مَا لِلنِّيَاقِ إِذَا حَدَا جَمَّالُهَا
تَدَعُ الْعَنَاءَ وَلَا تَمَلُّ مَلَالَهَا
Ana apa karo para unta nalika pangiringe nembang?
Padha ninggalake rasa sayah lan ora ngrasa bosen ing dedalan
وَتَرَىٰ لَهَا فِي السَّيْرِ جِدًّا وَاضِحًا
شَوْقًا تَمُدُّ يَمِينَهَا وَشِمَالَهَا
Katon cetha krentege sajroning lumaku
Amarga kangen, padha ngetogake jangkah nengen lan ngiwa
وَتَبَاشَرَتْ لَمَّا أَتَتْ بَدْرًا رَأَتْ
نُورَ النَّبِيِّ الْهَاشِمِيِّ بَدَا لَهَا
Suka-rena nalika tekan lan ndulu ing Badr
Cahyane Nabi trah Hasyim wus katingal nyata ing ngarsane
غَنِّ لَهَا يَا سَعْدُ بِاسْمِ مُحَمَّدٍ
فَلَعَلَّهَا تُصْغِي لِمَنْ غَنَّىٰ لَهَا
He Sa’d, tembangna asmane Muhammad marang dheweke
Mbok menawa padha ngrungokake marang sapa kang nembang