يَاعُمْدَتِي ياعُدَّتِي
Dhuh Tetumpuanku, Dhuh Cecawisanku
Jv
يَاعُمْدَتِي ياعُدَّتِي
يامُنْقِذِي مِنْ شِدَّتِي
Duh sesendhenan kulo, duh sanguning gesang kulo
Duh ingkang nylametaken kulo saking karibetan
وَجَّهْتُ لَكَ وِجْهَتِي
عَجِّلْ بِغَوْثِي ياعَظِيمْ
Kulo adhepaken sedya kulo dhumateng Paduka
Mugi enggal paring pitulung, duh Gusti Ingkang Maha Agung
وَسَخِّرِ الْأَسْبَابَا
وَذَلِّلِ الْصِّعَابَا
Mugi Paduka tundukaken sedaya sebab-musabab
Lan Paduka gampilaken sedaya reribet ingkang awrat
وَافْتَحْ لَنَا الْأَبْوَابَا
بِالْنَّصْرِ مِنْكَ ياكَرِيمْ
Mugi Paduka bikakaken sedaya kori kagem kito
Kanthi kamenangan saking Paduka, duh Gusti Ingkang Maha Loman
وَرُدَّ كَيْدَ الْكَائِدِ
وَكُلَّ طَاغٍ مَارِدِ
Mugi Paduka tulak tipu dayaning tiyang culika
Sarta saben-saben tiyang dhalim ingkang mbalela
وَحَاسِدٍ مُعَانِدِ
بِحَقِّ سِرْ (طسٓمٓ )
Lan tiyang ingkang dreki sarta wangkot
Kanthi rahasia agungipun (Tha Sin Mim)