يَا جَمَالَ النَّبِيِّ يَا حَنَانَ النَّبِيِ
O Beauty of the Prophet, O Compassion of the Prophet
Jv
يَا جَمَالَ النَّبِيِّ
يَا حَنَانَ النَّبِيِ
Dhuh endahipun kanjeng nabi
Dhuh asih-tresnanipun kanjeng nabi
وَاللَّهِ الْعَظِيمِ يَا نَاسُ
مَا لِينَا غَيْرُ النَّبِيِ
Demi Gusti Ingkang Moho Agung dhuh manungso
Mboten wonten malih kagem kito kejawi kanjeng nabi
مَا لِينَا غَيْرُهْ هُوَ
سَاكِن فِي الْقَلْبِ جُوَّة
Mboten wonten malih kejawi panjenenganipun
Ingkang mapan wonten ing saklebetipun manah
دَهْ حَبِيبي وَرُوحُي هُوَ
وَضَمَّنِي سَيِّدُنَا النَّبِي
Panjenenganipun kekasih lan nyawanipun kulo
Lan kanjeng nabi ngrangkul kulo
مَا لِينَا غَيْرُهُ ثانِي
طَرْفُهْ أَكْحَلُ رَبَّانِي
Mboten wonten malih kagem kito sanesipun
Netranipun asri mawi celak ilahi
أَبْلَجُ وَرْدِيُّ الْوَجَانِ
حَبِيبُنَا سَيِّدُنَا النَّبِي
Cahyanipun sumunar pangarasanipun kados mawar
Kekasih kito kanjeng nabi
مَا لِينَا غَيْرُ الرَّسُولِ
جَمَالُهُ يَسْبِي الْعُقُولَ
Mboten wonten malih kejawi utusanipun Allah
Kaendahanipun nawan sakabehing nalar
نَظْرَةً يَا أَبَا الْبَتُولِ
جُدْ بِزَوْرَةٍ يَا نَبِي
Paringono paningal dhuh ramanipun Al-Batul
Paringono kanugrahan sowan dhuh nabi
كَفُّكَ يَا طَهَ طَاهِرُ
ذِكْرُكَ سِرُّ الْبَشَايِرِ
Asto panjenengan dhuh Toha ingkang suci
Nyuataken asmo panjenengan punika wadosing bebungah
يَا جَابِرَ لِلْخَوَاطِرِ
اجْبُرْنَا يَا سَيِّدَنَا النَّبِي
Dhuh ingkang mulyakaken manah ingkang lara
Paringo tamba kagem kito dhuh kanjeng nabi
نُورُ الْمُصْطَفَى أَحْمَدُ
نُورٌ أَزَلِيٌّ سَرْمَدُ
Cahyanipun Al-Mustofa Ahmad
Cahyo ingkang langgeng lan abadi
أَوَّلُ مَا رَبِّي أَوْجَدَ
نُورُكَ يَا سَيِّدَنَا النَّبِي
Ingkang sepisanan dipun titahaken Gusti
Inggih puniko cahyo panjenengan dhuh kanjeng nabi