بِفَاطِمَةْ قَدْ صَفَا حَالِي
Lantaran Fatima, sampun wening kahanan kula.
Jv
Jv
بِفَاطِمَةْ قَدْ صَفَا حَالِي وَنِلْتُ الْمَرَامْ
بِضْعَة مُحَمَّدْ حَبِيبِ اللهْ خَيْرِ الْأَنَامْ
Lantaran Fatimah kawontenan kula dados resik lan nggayuh pepinginan
Perangan saking Muhammad, kekasihipun Allah, pinunjulipun manungsa
أَعْلَى لَهَا اللهْ قَدْراً فِي الْعُلَا وَالْمَقَامْ
نِعْمَ الْبَتُولْ الْرَّضِيَّةْ نُورْ كُلِّ الْظَّلَامْ
Allah nginggilaken drajat lan papanipun ingkang luhur
Sae sanget Sang Al-Batul ingkang rila, pepadhang ing sedaya pepeteng
أُمِّ الْحَسَنْ وَالْحُسَيْنْ أَهْلِ الْمَرْقَى الْعِظَامْ
لَهُمْ عَطَايَا مِنَ الْمَوْلَى كِبَارٌ جِسَامْ
Ibunipun Al-Hasan lan Al-Husayn ingkang luhur drajatipun
Pikantuk kanugrahan ageng saking Gusti Allah Ingkang Moho Agung
هُمْ سَادَةَ أَهْلِ الْجِنَانِ الْعَالِيَةْ يَا غُلَامْ
مَنْ حَبَّهُمْ صِدِقْ بَا يِسْكُنْ بِدَارِ الْسَّلَامْ
Panjenenganipun para bendara ing swarga ingkang inggil
Sinten ingkang tresna kanthi temen bakal manggon ing wismaning katentreman
وَمَنْ تَعَلَّقْ بِهِمْ يَظْفَرْ بِنَيْلِ الْمَرَامْ
أَكْرَمْتِ يَا بِضْعَةَ أَحْمَدْ فَانْعَمِي بِالْتَّمَامْ
Lan sinten ingkang gondhelan marang panjenengan sedaya bakal nggayuh gegayuhan
Panjenengan loman sanget, dhuh peranganipun Ahmad, mugi nyampurnakaken kanugrahan
وَامْنَحِي عَبْدَكُمْ فِي الْقُرْبْ أَعْلَى وِسَامْ
نَقُومْ بِحَمِلْ الْرَّيَاتِ الْهُدَ أَحْسَنْ قِيَامْ
Mugi maringi dhumateng abdi panjenengan tengeran kamulyan ingkang celak
Kamulyan anggenipun njaga gendhera pitedah kanthi sampurna
تَعُمْ دَعْوَتُهْ فِي الْأَكْوَانْ كُلِّ الْأَنَامْ
نِلْبَسْ خِلَعْ إِرْثْ مَا يَصِفْ سَنَاهَا كَلَامْ
Supados dakwahipun sumebar dhumateng sedaya manungsa
Saengga kita ngangge busana warisan kenabian ingkang cahyanipun mboten saged kagambarake
يَا نُورْ قَلْبِي وَيَا أُمِّي عَلَيْكِ الْسَّلَامْ
فِي كُلِّ حَالٍ وَشَأْنٍ كُلِّ لَحْظَةْ دَوَامْ
Duh pepadhang manah kula lan dhuh ibuku, salam kagem panjenengan
Ing saben kahanan, prakara, lan saben wektu ingkang langgeng
عَلَيْكِ صَلَّى إِلَهِي مَعَ أَبِيكِ الْإِمَامْ
إِمَامْ كُلِّ الْوَرَى فِي كُلِّ خَاصٍّ وَعَامْ
Mugi Allah paring sholawat kagem panjenengan lan rama panjenengan sang Imam
Imame sedaya makhluk, ingkang pinilih lan ingkang umum
الْشَّافِعِ الْمُبْتَغَ يَوْمَ الْلِّقَاءْ وَالْزَّهَامْ
يَوْمِ الْمَلَائِكْ تُنَادِي جَمِعْ كُلِّ الْأَنَامْ
Ingkang paring syafaat ingkang dipun-ajeng-ajeng ing dinten pepanggihan
Ing dinten nalika malaikat nimbali sedaya manungsa
غُضُّوا أَبْصَارَكُمْ تَمُرْ بِنْتِ الْنَّبِيِ بِالْسَّلَامْ
وَنَكِّسُوا رُؤُوسَكُمْ مَا أَعْظَمَهْ وَاللهْ مَقَامْ
"Andhapna pandelenganmu amarga putrine Nabi badhe liwat kanthi rahayu"
"Lan dinglukna sirahmu", dhuh agunge kahanan punika!
تِذَكَرِينِي مَعَكِ أَعْبُرْ وَمَنْ لَهُ ذِمَامْ
حَاشَاكِ يَا أُمَّنَا تِنْسِينْ هَذَا الْغُلَامْ
Mugi panjenengan eling dhumateng kula supaya saged ndherek panjenengan
Mboten mungkin dhuh ibu, panjenengan kesupen marang putra punika
مَحْسُوبَكُمْ يَرْتَجِيهْ مِنْكُمْ بِهِ الْإِهْتِمَامْ
أَنْتُمْ مَرَامُهْ وَمَقْصُودُهْ وَنِعْمَ الْمَرَامْ
Putra panjenengan ngajeng-ajeng kawigaten saking panjenengan
Panjenengan punika tujuan lan gegayuhanipun, lan sae-saening gegayuhan
يَا بِنْتَ طه فُؤَادِي فِي مَحَبَّتِكْ هَامْ
وَاللهْ أَنْتُمْ مُرَادِي فِي الْدُّنَا وَالْقِيَامْ
Dhuh putrinipun Taha, manah kula kasengsem dening katresnan panjenengan
Demi Allah, panjenengan tujuan kula ing donya lan dinten kiamat
وَمَا أَنَا إِلَّا بِكُمْ يَا سَادَتِي يَا كِرَامْ
عَلَيْكِ مَعَ وَالِدِكْ أَزْكَى الْصَّلَاةْ وَالسَّلَامْ
Lan kula mboten wonten artosipun tanpa panjenengan, dhuh bendaraku sing loman
Kagem panjenengan lan rama panjenengan, sholawat lan salam ingkang paling suci
وَأَهْلِ الْكِسَاءْ وَأَهْلِ بَيْتِهْ عَالِيِّينَ الْمَقَامْ
وَالْصَّحْبْ أَجْمَعْ وَمَنْ عَلَى هُدَاهْ اِسْتَقَامْ
Ugi kagem Ahlul Kisa lan kulawarganipun sing luhur drajate
Lan sedaya sahabat ugi sinten kemawon ingkang mantep ing pitedah