رَسُولَ إِلَهِ الْعَالَمِينَ تَعَالَى
Utusaning Pangéraning alam kabèh, Ingkang Maha Luhur
Jv
رَسُولَ إِلَــهِ الْعَالَمِيـــــنَ تَعَالَـى
خَدِيمُكَ نَادَى يَا رَسُولُ تَعَـــالاَ
Duh Utusaning Gusti Ingkang Akarya Jagad Ingkang Moho Luhur
abdi panjenengan nyuwun: Duh Rasul, kersaa rawuh nyaket!
خَدِيمُكَ نَادَى يَا رَسُولُ فَلاَ أُرَى
فَقِيرًا إِلَى غَيْــرِ الْإِلَـــهِ تَعَالَــى
Abdi panjenengan nyuwun, duh Rasul, supados kula mboten katingal
mlarat dumateng sintena kemawon kejawi Gusti Allah Ingkang Moho Luhur
خَدِيمٌ بِأَقْصَى الْغَرْبِ يَدْعُو مُحَمَّــدًا
وَلَيْسَ يَرَى غَيْرَ الْرَّسُـــولِ ثِمَـالاَ
Sawijining abdi ing pucuking Kulon nyuwun dhumateng Muhammad
mboten ningali sintena kemawon kejawi Rasul minangka pangayoman
خَدِيمٌ ثَـوَى بِالْبَابِ وَهْــــوَ مُؤَمِّــلٌ
إِيَابًا كَرِيمًــــا وَهْـوَ جَيْــرِ أَطَــالاَ
Sawijining abdi nunggu wonten ngajeng kori kanthi pangajeng-ajeng
nampi sambutan mulya, sanadyan sampun dangu anggenipun nunggu
تَصَاغَرَ عِنْدِي غَيْرُ أَحْمَــدَ إِنَّنِــي
أُرَجِّي مِنَ الْهَــادِي الْعِبَــادِ مَنَـالاَ
Sedaya sakliyane Ahmad katingal alit wonten ing mripat kula, awit saestu
kula ngajeng-ajeng kanugrahan saking Panuntunipun para abdi
كَرِيمَ الْسَّجَايَا وَاسِعَ الْجُودِ مَا تَرَى
لِضَيْـــــفِ كَرِيــمٍ قَــدْ أَجَادَ مَقَــالاَ
Duh ingkang mulya budinipun saha loma sanget, punapa ingkang panjenengan kersakaken
kagem tamu saking Dzat Ingkang Moho Loma, ingkang sampun matur kanthi sae
فَهَبْهُ عَلَى مِقْدَارِ كَفِّــكَ مُصْطَفَى الْ
بَرَايَــا عَطَاءً لاَ يَخَــافُ زَوَالاَ
Mugi kersa paring dhumateng piyambakipun sakmampuning lomaning asta panjenengan, duh Pinilihing
sedaya titah, peparing ingkang mboten badhe sirna
فَفِي كُلِّ حَيٍّ قَدْ خَبَطْتَ بِنِعْمَــةٍ
وَإِنِّي كَشأْسٍ قَــدْ أَرُومُ نَــوَالاَ
Amargi wonten saben titah ingkang gesang, panjenengan sampun paring kanugrahan
lan kula, kados dene tiyang ingkang nandang asor, nggayuh lubering kawelasan panjenengan
عَلَيْكَ صَـــلاَةُ اللّٰهِ ثُــمَّ سَلاَمُــهُ
وَتَشْمَلُ أَصْحَابَ الْنَّبِـــيِّ وَآلاَ
Mugi sholawat saking Allah saha salam-Ipun tansah katur dhumateng panjenengan
ugi dhumateng para sohabat saha kulawarga Nabi