لَمْ يَخْلُقِ الرَّحْمَنُ مِثْلَ مُحَمَّدٍ
Sang Maha Welas mboten nate nyipta ingkang madhani Muhammad.
Jv
Jv
لَمْ يَخْلُقِ الرَّحْمَنُ مِثْلَ مُحَمَّدٍ
بَيْنَ الْوَرَى بَشَراً عَلَى الْإِطْلَاقِ
Mboten nate Ar-Rahman nitahaken pepadhane Muhammad
ing antawise sedaya titah manungsa babar pisan
كَلَّا وَلَا عَرَفَ الْخَلَائِقُ قَدْرَهُ
مَا فَوْقَهُ حَقّاً سِوَى الْخَلَّاقِ
Mboten pisan-pisan makhluk saged nyumurupi drajate
satuhu mboten wonten ingkang ngungkuli kajaba Sang Khalik
مَاذَا أَقُولُ بِوَصْفِهِ وَمَدِيحِهِ
وَسَنَاهُ دَوْماً بَاهِرُ الْإِشْرَاقِ
Punapa ingkang saged kawula aturaken kagem nyanjung lan muji
dene cahyanipun tansah sumorot mblerengi netra
وَهُوَ الَّذِي لِلْخَلْقِ أُرْسِلَ رَحْمَةً
وَأَتَى يُتَمِّمُ مَكَارِمَ الْأَخْلَاقِ
Piyambakipun ingkang kautsutus minangka rahmat kagem sedaya titah
sarta rawuh kagem nyampurnakake mulyaning budi pekerti