رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
Kula sami rila, dhuh para putra Al-Zahra, kula sami rila.
Jv
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
رضينا بالنبيِّ لنا إمَامًا
وأنْتُم آلُهُ وبِكُمْ رَضِينَا
Kulo sedaya ridho Nabi dados Imam kita
Lan panjenengan kulawarganipun, kulo sedaya ridho dhumateng panjenengan
وبالسِّبْطِ الحُسَيْنِ كَذَا أخُوهُ
وَحَيْدَرُ ثُمَّ زَيْنُ العَابِدِينَا
Lan dhumateng putu Husayn ugi kangmasipun
Sarta Haydar lajeng Zaynul Abidin
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
وَزَيْنَبُ مَنْ لها فَضْلٌ سَمِيٌّ
سُلاَلَةُ أَحْمَدٍ في الطَّيِّبِينَا
Lan Sayyidah Zaynab ingkang nggadhahi kautaman luhur
Trah saking Kanjeng Nabi Ahmad ing antawisipun tiyang-tiyang suci
لها نُورٌ يُضِيءُ كَمِثْلِ شَمْسٍ
من المُخْتَارِ نَشْهَدُهُ مُبِينَا
Panjenenganipun nggadhahi cahya ingkang sumunar kados surya
Saking Al-Mukhtar ingkang kulo sedaya sakseni kanthi cetha
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
لها جُودٌ لها كَرَمٌ وعَطْفٌ
حَوَتْ فَضْلاً يُرَى للمُنْصِفِينَا
Panjenenganipun nggadhahi loman, kamulyan, lan sih katresnan
Ngandhut kautaman ingkang katingal dening tiyang ingkang adil
أمير المؤمنين أَبُوكِ حَقًّا
عَلِيٌّ سَادَ جَيْشَ العَارِفِينَا
Amirul Mukminin punika saestu rama panjenengan
Ali ingkang mimpin wadyabala tiyang-tiyang makrifat
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
وأُمُّكِ بَضْعَةُ المُخْتَارِ طَهَ
مُحَبَّبَةٌ إلى الهادي نبينا
Lan ibu panjenengan punika bagean saking Al-Mukhtar Toha
Ingkang dipun tresnani dening sang pituduh, Nabi kita
وكَانَ المُصْطَفَى يَحْنُو عَلَيْهَا
حُنُوَّ مَوَدَّةٍ عَطْفًا وَلِينَا
Lan Kanjeng Nabi Al-Mustafa tansah asih dhumateng panjenenganipun
Kanthi raos asih, welas, lan alusing budi
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
وجَاءَ حَدِيثُهُ يُتْلَى جِهَارًا
لَقَدْ سَادَتْ نِسَاءَ العَالَمِينَا
Lan haditshipun sampun dipun waos kanthi terang
Bilih panjenenganipun punika pangajengipun para wanita ing alam donya
إذا اشْتَقْنَا إلى خَيْرِ البَرَايَا
أَتَيْنَاكُمْ مُشَاةً رَاكِبِينَا
Menawi kulo sedaya kangen dhumateng manungsa ingkang sae piyambak
Kulo sedaya sowan dhumateng panjenengan kanthi mlampah utawi nitih
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
فأنتم منه بالأسرار جِئْتُمْ
وَجِئْنَاكُمْ فَشَاهَدْنَا الأَمِينَا
Amargi saking Kanjeng Nabi panjenengan mbeta piwulang wingit
Lan kulo sedaya sowan saengga saged nyumurupi Al-Amin
وشَاهَدْنَا لديكم كُلَّ خَيْرٍ
وشَاهَدْنَا أُلُوفًا زَائرِينَا
Lan kulo sedaya nyumurupi sedaya kesaenan wonten ing panjenengan
Sarta nyumurupi ewonan peziarah
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
بإخْلاَصٍ وتوحيد ودِينٍ
أَتَوْكُمْ سَادَتِي مُتَبَرِّكِينَا
Kanthi ikhlas, tauhid, lan agami
Sedaya sowan dhumateng panjenengan duh gusti kulo supados ngalap berkah
تُذَكِّرُهُمْ مَشَاهِدُكُمْ جِنَانًا
بِرَوْضَةِ جَدِّكُمْ لِلْوَفِدِينَا
Makam panjenengan ngengetaken dhumateng suwarga
Wonten ing taman simbah panjenengan kagem para tamu
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
فَرَوْحٌ مِنْهُ والرَّيْحَانُ يأتي
لِزُوَّارٍ أَتَوْكُمْ مُخْلِصِينَا
Kabingahan lan wewangian saking ngriku badhe rawuh
Kagem para peziarah ingkang sowan kanthi ikhlas
فأنتم مِنْهُ والذِّكْرَى لَدَيْكُمْ
برُؤيَاكُمْ تُرَى للمُؤْمِنِينَا
Amargi panjenengan bagean saking Kanjeng Nabi lan pepeling wonten ing panjenengan
Kanthi mirsani panjenengan katingal kagem para mukmin
رَضِينَا يا بَنِي الزَّهْرَا رَضِينَا
بِحُبٍّ فيكُمُوا يُرْضي نَبِينَا
Kulo sedaya ridho duh putra-putri Al-Zahra kulo sedaya ridho
Kanthi tresna dhumateng panjenengan ingkang ndadosaken ridhone Nabi kita
فَبَابُ العِلْمِ والدُكُمْ عَلِيٌّ
له سَيْفٌ أَبَادَ الكَافِرِينَا
Gapuraning ngilmu punika rama panjenengan, Ali
Ingkang nggadhahi pedhang ingkang nyirnakaken tiyang-tiyang kafir
فَمِنْ دَمْعٍ لأرضٍ قد رَوَيْنَا
مِنَ الأَشْوَاقِ نَحْوَ الأَكْرَمِينَا
Saking waspa kulo nyirami bumi
Saking raos kangen dhumateng panjenengan sedaya ingkang mahamulya