فَيَا نَفَحَاتِ اللهِ يَا عَطَفَاتِهِ
O Divine Breaths of Allah, O His Affections
Jv
فَيَا نَفَحَاتِ اللهِ يَا عَطَفَاتِهِ
وَيَا جَذَبَاتِ الْحَقِّ جُودِي بِزَوْرَةِ
Duh peparinging Allah, duh welas asihipun
Duh daya panggiringing Bebener, mugi paring kanugrahan sowan
وَيَا نَظَرَاتِ اللّهِ يَا لَحَظَاتِهِ
وَيَا نَسَمَاتِ اللُّطْفِ أُمِّى بِهَبَّةِ
Duh paningaling Allah, duh panyawangipun
Duh semiliring sih kawelasan, rawuha mawa peparing
وَيَا غَارَةَ الرَّحْمَانِ جُدِّىْ بِسُرْعَةِ
إِلَيْنَا وَحُلِّى عَقْدَ كُلِّ مُلِمَّةِ
Duh pitulunging Kang Moho Welas, paringana kanthi enggal
Dhumateng kawulo, uculono bundhelaning sedoyo rubedo
وَيَا رَحْمَةَ الرَّبِّ الرَّحِيْمِ تَوَجَّهِىْ
وَأَحْيِىْ بِرُوْحِ الفَضْلِ كُلَّ رَمِيْمَةِ
Duh rahmatipun Pengeran Kang Moho Welas, mugi kerso mrawani
Lan uripono kanthi ruh kanugrahan sedoyo raga kang wis ajur
وَيَاكُلَّ أَبْوَابِ الْقَبُولِ تَفَتَّحِىْ
فَإِنَّ مَطَايَا الْقَصْدِ نَحْوَكَ أَمَّتِ
Duh sedoyo korining panampi, mugi kerso mengo
Saktemene tumpakaning sedyo wis tumuju marang Panjenengan
وَيَاسُحُبَ الْجُوْدِ الْإِلَهِيِّ أَمْطِرِىْ
فَإِنَّ أَكُفَّ الْمَحْلِ تِلْقَاكِ مُدَّتِ
Duh mendhunging lumaning Pengeran, mugi kerso nyiramaken jawah
Saktemene epek-epeking paceklik wis kaulungake marang Panjenengan
بِحُرْمَةِ هَادِيْنَا وَمُحْيِيْ قُلُوْبِنَا
وَمُرْشِدِنَا نَهْجَ الطَّرِيْقِ الْقَوِيْمَةِ
Kanthi kaurmatan panuntun kawulo lan kang nguripake manah kawulo
Lan kang nuntun kawulo dhumateng margi kang leres
دَعَانَا إِلَى حَقٍّ بِحَقٍّ مُنَزَّلٍ
عَلَيْهِ مِنَ الرَّحْمَانِ أَفْضَلَ دَعْوَةِ
Panjenengane ngajak kawulo marang bebener kanthi bebener kang katurunake
Saking Gusti Kang Moho Welas, minongko pangajak kang paling utomo
أَجَبْنَا قَبِلْنَا مُذْعِنِيْنَ لِأَمْرِهِ
سَمِعْنَا أَطَعْنَا عَنْ هُدىً وَبَصِيْرَةِ
Kawulo nyembadani, kawulo nampi kanthi sumungkem dhumateng dawuhipun
Kawulo mireng, kawulo manut kanthi pituduh lan pepadhang ati
فَيَارَبِّ ثَبِّتْنَا عَلَى الْحَقِّ وَالْهُدَى
وَيَارَبِّ اِقْبِضْنَا عَلَى خَيْرِ مِلَّةِ
Duh Pengeran, mugi nyantosakaken kawulo ing bebener lan pituduh
Duh Pengeran, mugi mundhut nyowo kawulo ing agami kang paling sae
وَعُمَّ أُصُوْلاً وَالْفُرُوْعَ بِرَحْمَةٍ
وَأَهْلاً وَأَصْحَاباً وَكُلَّ قَرَابَةِ
Mugi ngratani rahmat dhumateng sesepuh lan turun kawulo
Ugi brayat, kanca, lan sedoyo sanak sedherek
وَسَائِرِ أَهْلِ الدِّيْنِ مِنْ كُلِّ مُسْلِمٍ
أَقَامَ لَكَ التَّوْحِيْدَ مِنْ غَيْرِ رِيْبَةِ
Lan sedoyo tiyang agami saking saben-saben tiyang Muslim
Ingkang nancepaken Tauhid kagem Panjenengan kanthi tanpo mangu-mangu
وَصَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمَ الدَّهْرِ سَرْمَداً
عَلَى خَيْرِ مَبْعُوْثٍ إِلَى خَيْرِ أُمَّةِ
Mugi paring sholawat lan salam ingkang langgeng ing salami-laminipun
Dhumateng utusan ingkang paling sae kagem umat ingkang paling utomo
مُحَمَّدٍ الْمَخْصُوْصِ مِنْكَ بِفَضْلِكَ
الْعَظِيْمِ وَإِنْزَالِ الْكِتَابِ وَحِكْمَةِ
Muhammad ingkang pinilih kanthi kanugrahan Panjenengan
Ingkang agung, lan kanthi turunipun Kitab ugi hikmah