مَا لِي سِوَاكْ هَمْ وَأَنْتَ تَعْلَمْ
Mboten wonten ingkang kula penggalih kejawi panjenengan, sarta panjenengan pirsa.
Jv
مَا لِي سِوَاكْ هَمْ وَأَنْتَ تَعْلَمْ
فَالْقُرْبُ مَغْنَمْ وَالْبُعْدُ مَغْرَمْ
Boten wonten sedya kajaba Paduka, lan Paduka sampun pirsa
Caket punika kabegjan, déné tebih punika karugian
خُذْنِي إِلَيْكَ بَيْنَ يَدَيْكَ
حُسِبْتُ عَلَيْكَ فِي كُلِّ مَا أَعْلَمْ
Tarik kulo dhumateng Paduka ing ngarsa Paduka
Amargi kulo kaétang kagungan Paduka ing sadaya kawruh kulo
أَنْتَ مُرَادِي فَكُنْ لِيْ هَادِي
فَالْقَلْبُ صَادِي فَزِلْ لِيْ ذَا الْهَمْ
Paduka pepujaning ati, dadosa pituduh kulo
Manah kulo ngelak sanget, pramila sirnakna prihatos punika
مَنْ ذَا يَكُنْ لِي إِنْ لَمْ تَكُنْ لِي
تَرَى لِذُلِّي وَأَنْتَ أَرْحَمْ
Sinten malih ingkang kulo gadhi menawi mboten Paduka
Paduka mirsani asoring kulo, lan Paduka Maha Welas Asih
كَمْ ذَا أُنَادِي يَا خَيْرَ هَادِي
يَكْفِي بُعَادِي فَالْجُودُ قَدْ عَمْ
Sering sanget kulo sesambat, dhuh saé-saéning pituduh
Cekap sampun pepisahan punika, kamirahan Paduka sampun waradin
نُورُ الْوِصَالِ مَهْرُهُ غَالِي
سِوَاكَ مَا لِي جُدْ وَتَكَرَّمْ
Cahyaning pepanggihan punika awis sanget maskawinipun
Boten wonten malih kajaba Paduka, mugi paring kamirahan lan kanugrahan
قُرْبِي وَبُعْدِي سِيَّانِ عِنْدِي
لِأَنَّ رُشْدِي فِيمَا تَقَسِّمْ
Caket lan tebih punika sami kemawon tumrap kulo
Amargi pituduh kulo wonten ing sadaya pepesthèn Paduka
فَاجْعَلْ هِبَاتِي رُوحَ الْحَيَاةِ
حَبِيبْ ذَاتِي طه الْمُعَلِّمْ
Dadosna peparing Paduka minangka ruhanipun gesang
Kekasihing jiwa kulo, Taha sang dwija
تَعْلَمْ لِقَصْدِي حِبِّي وَوُدِّي
فَكُنْ لِلْكُرْدِي فِي كُلِّ مَغْنَمْ
Paduka pirsa gegayuhan, katresnan, lan asih kulo
Mugi nunggil dhumateng al-Kurdi ing saben kabegjan
صَلَاةُ رَبِّي لِحَبِيبِ قَلْبِي
طه الْمُرَبِّي عَلَيْهِ سَلَّمْ
Shalawat saking Gusti kagem kekasihing manah kulo
Taha sang pamomong, mugi kawilujengan kagem panjenenganipun