خُذْ مَا صَفَا وَدَعِ الْكَدَر
Jupuk kang bening, tinggal kang buthek
Jv
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
خُذْ مَا صَفَا وَدَعِ الْكَدَرْ
وَكِلِ الْأُمُورَ إلى الْقَدَرْ
Jupuka kang bening lan tinggalna kang buthek
sarta pasrahna kabeh prakara marang takdiring Pangeran
مَهْمَا غُلِبْتَ كَمَا أَمَرْ
هَادِي الْوَرَى خَيْرُ الْبَشَرْ
Nalika sira kaperdaya, tindakna kaya kang dhawuhake
sang panuntuning titah, sae-saening manungsa
إِنَّ الْأُمُورَ جَرَى بِهَا
قَلَمٌ عَلَى الْلَّوْحِ الْأَغَرْ
Sayekti kabeh prakara iku wus lumaku
dening kalam ing dhuwur Lauh kang sumunar
فِي سَابِقِ الْعِلْمِ الْقَدِيمْ
مِنْ قَبْلِ إِيجَادِ الْصُّوَرْ
Ing dalem kawruh kang dhisik lan langgeng
sadurunge wujud rupa-rupane titah
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
وَدَعِ الْهُمُومَ فَإِنَّهَا
يَا صَاحِبِي مَحْضُ الْضَّرَرْ
Lan tinggalna rasa sumelang, awit sejatine
dhuh kancaku, rasa sumelang iku mung dadi karusakan
وَاغْنَمْ زَمَانَكَ وَاسْتَرِحْ
مِنْ لَوْ وَلِمْ تَلْقَ الْظَّفَرْ
Gunakna wektumu lan goleka katentreman
saka tembung "saupama" lan "kenapa", sira bakal nemu kamulyan
وَارْجِعْ إِلَى اللَّهِ إِذَا
مَالَحَّ خَطْبٌ أَوْ عَصَرْ
Lan balia marang Allah ing saben wektu
nalika ana pakewuh utawa karubedan kang nekani
وَإِذَا بُلِيتَ بِمِحْنَةٍ
فَاصْبِرْ لَهَا فِيمَنْ صَبَرْ
Lan menawa sira sinoba klawan pacoban
mulyakna kanthi sabar, bareng karo wong-wong kang sabar
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
مِنْ كُلِّ بَرٍّ مُوقِنٍ
مُتَوَقِّرٍ عِنْدَ الْغِيَرْ
Saka saben jiwa kang becik sarta yakin
kang tetep santosa nalika jaman owah gingsir
وَإِذَا خُصِصْتَ بِنِعْمَةٍ
فَاشْكُرْ مَعَ مَنْ قَدْ شَكَرْ
Lan menawa sira kaparingan nikmat
mulyakna kanthi syukur, bareng karo wong-wong kang syukur
لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينْ
تُعْطَ الْمَزِيدَ كَمَا ذَكَرْ
Marang Allah, Gustining jagad kabeh
sira bakal pinaringan tambah, kaya kang wus dingendikakake
وَاعْمَلْ لِنَفْسِكَ صَالِحًا
تَنْجُو بِهِ مِنْ كُلِّ شَرْ
Lan lakonana amal saleh kanggo awakmu dhewe
supaya sira slamet saka kabeh kanisthan
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
وَتَفُوزُ بِالْحُسْنَى وَبِالْــــ
ــــجَنَّاتِ دَارِ الْمُسْتَقَرْ
Lan sira bakal menang kanthi kabecikan sarta
suwarga-suwarga, omah kang tetep langgeng
دَارِ الْبَقَا دَارِ الْنَّعِيمْ
دَارِ الْكَرَامَةِ وَالْنَّظَرْ
Omah kalanggengan, omah kanikmatan
omah kamulyan sarta panggonan nyawang (Gusti)
وَأَعِدَّ زَادَكَ لِلْمَعَادْ
مِنْ قَبْلِ يَفْجَاكَ الْحَذَرْ
Lan tata-tataa sangu kanggo dina bali
sadurunge pati teka kanthi dadakan
فَالْمَوْتُ آتٍ عَنْ قَرِيبْ
وَلَعَلَّ يَوْمَكَ قَدْ حَضَرْ
Awit pati iku bakal teka ing wektu cedhak
lan bokmanawa dinamu wis tekan titi mangsane
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
يَا رَبُّ أَنْتَ الْمُبْتَغَى
وَالْمُرْتَجَى وَالْمُدَّخَرْ
Dhuh Gusti, Paduka punika kang dipun tuju
kang dipun arep-arep, lan kang dipun simpen
يَا رَبَّنَا فَاسْتُرْ وَسَا
مِحْ أَنْتَ أَكْرَمُ مَنْ سَتَرْ
Dhuh Gusti kita, mugi kersa nutupi lan paring aksama
Paduka punika sae-saening Dzat ingkang nutupi
يَا رَبَّنَا وَانْظُرْ إِلَيـْــــ
ـــنَا أَنْتَ أَحْسَنُ مَنْ نَظَرْ
Dhuh Gusti kita, mugi kersa mirsani kita
Paduka punika sae-saening Dzat ingkang mirsani
يَا رَبَّنَا وَاخْتِمْ لَنَا
بِالْخَيْرِ إِنْ حَانَ الْسَّفَرْ
Dhuh Gusti kita, mugi paring pungkasan kang sae
nalika wus teka titi mangsane laku pungkasan
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
ثُمَّ الصَّلَاةُ عَلَى الرَّسُولْ
خَيْرِ الْبَرِيَّةِ مِنْ مُضَرْ
Nuli shalawat dhumateng Sang Rasul
sae-saening titah saking kabilah Mudhar
خَتْمِ الْنَّبِيِّينَ الْكِرَامْ
نِعْمَ الْمَصَابِيحُ الْغُرَرْ
Pamungkasipun para Nabi kang mulyo
minangka pepadhang kang sumunar padhang
وَآلِهِ وَاصْحَابِهِ
وَالتَّابِعِينَ عَلَى الْأَثَرْ
Lan dhumateng kulawarga sarta para sahabatipun
ugi para pandherek kang ngetutake laku jangkanipun
مَا هَبَّتِ الـــنَّسَمَاتُ بِالْــــ
ــــعَرْفِ الْمُعَنْبَرِ في الْسَّحَرْ
Selagi isih ana sumiliring angin
kang nggawa ganda arum ambar ing wektu bangun esuk
يَا رَبَّنَا يَا رَبَّنَا
غِثْنَا بِقُرْبِ الـْمُصْطَفَى
Duh Gusti kita, duh Gusti kita
paringana pitulung kanthi celaking Al-Musthofa
وَ ارْحَمْ إِلَهِي ضَعْفَنَا
بِٱلْمُصْطَفَىٰ خَيْرِ ٱلْبَشَرْ
Dhuh Allah, welasa dhumateng karingkihaning kita
lumantar Al-Musthofa, sae-saening manungsa
أَوْ غَرَّدَتْ وُرْقُ الْحِمَى
فَوْقَ الْغُصُونِ مِنَ الْشَّجَرْ
Utawa selagi manuk dara ing tanah suci isih memuji
ing dhuwur pang-panging wit-witan