قُلْ لِلَّذِي قَدْ لَامَنِي
Tell the one who has blamed me,
Jv
قُلْ لِلَّذِي قَدْ لَامَنِي
دَعْنِي وَشَأْنِي يَا عَذُولْ
Ngaturana marang wong kang nyacad aku
tinggalen aku lan kahananku, hey wong kang nacad
لَوْ كُنْتَ تَدْرِي مَا جَرَى
مَا كُنْتَ تَنْهَى يَا جَهُولْ
Saupama sira mangerteni apa kang kedadeyan
sira ora bakal nggugat, hey wong kang bodo
أَمَا تَرَى جِسْمِيَ السَّقِيمَ
قَدْ شَفَّهُ دَاءُ النُّحُولْ
Apa sira ora weruh awakku kang gering iki
wus rusak dening lelara kang nyuda raga
قُلْ لِي بِمَنْ هَذَا الْعَنَا
وَذَا التَّصَابِي وَالذُّهُولْ
Kandhaa marang aku, kanggo sapa kangelan iki
lan rasa kasmaran sarta bingung iki
اللَّهُ حَسْبِي وَكَفَى
قُلْ مَا تَشَأْ يَا ذَا الْفُضُولْ
Gusti Allah kang nyukupi lan nyembadani
ucapna sakarepmu, hey wong kang kakehan gunem
يَا سَاكِنِينَ سَرَائِرِي
عِنْدِي لَكُمْ صَفْوُ الْوِدَادْ
Duh para kang manggon ing jero batin
ana ing aku kanggo sira katresnan kang murni
مَلَّكْتُكُمْ يَا سَادَتِي
زِمَامَ أَمْرِي وَالْقِيَادْ
Aku pasrahake marang sira para gustiku
kendhalining uripku lan sakabehing pituduh
لَا تُهْمِلُوا مَنْ قَدْ غَدَا
يَسْمُو بِكُمْ بَيْنَ الْعِبَادْ
Aja sira paring lali marang wong kang wus dadi
mulya amarga sira ing antarane para manungsa
وَاقِفٌ عَلَى الْبَابِ مُقِيمٌ
يَرْجُو السَّعَادَةَ وَالْقَبُولْ
Ngadeg ing ngarep lawang kanthi mantep
ngajab kabungahan lan ketrimaning amal
اللَّهُ حَسْبِي وَكَفَى
قُلْ مَا تَشَأْ يَا ذَا الْفُضُولْ
Gusti Allah kang nyukupi lan nyembadani
ucapna sakarepmu, hey wong kang kakehan gunem
هَبَّتْ نُسَيْمَاتُ الْوِصَالْ
مِنْ جَانِبِ الْقُدْسِ الْعَلِيّْ
Sumilir angin silaping patemon
saka ing sisihe papan kang suci lan luhur
وَاسْتَغْرَقَتْ أَنْوَارُهَا
عَوَالِمَ الْقَلْبِ الْخَلِيّْ
Lan cahyaning katresnan wus ngebaki
jagading ati kang suwung saka liyane
عَمَّا سِوَى مَعْبُودِهِ
الْوَاحِدِ الْحَقِّ الْوَلِيّْ
Saka saliyane Gusti kang sinembah
Kang Maha Esa, Maha Bener, lan Maha Melindungi
وَكُوشِفَتْ أَسْرَارُهُ
وَحَلَّ فِي بُرْجِ الْوُصُولْ
Lan wus kabukak kabeh wewadine
sarta manggon ana ing punjering patemon
اللَّهُ حَسْبِي وَكَفَى
قُلْ مَا تَشَأْ يَا ذَا الْفُضُولْ
Gusti Allah kang nyukupi lan nyembadani
ucapna sakarepmu, hey wong kang kakehan gunem
بَاتَ الْمُحِبُّ مَعَ الْحَبِيبْ
وَالْعَاذِلُ الْغَافِلُ بَعِيدْ
Wong kang kasmaran wengi iki bebarengan Sang Kekasih
dene wong kang nacat lan lali iku adoh banget
لَمْ يَدْرِ مَا شَأْنُ الْهَوَى
بَيْنَ الْمَوَالِي وَالْعَبِيدْ
Dheweke ora ngerti kahanane rasa tresna
ing antarane para bendara lan para kawula
يَا وَيْحَهُ مَاذَا عَلَيْهِ
لَوْ كَانَ يَعْرِفُ لِلسَّعِيدْ
Duh cilaka dheweke, apa ta rugine
saupama dheweke ngerti marang wong kang beja
مَكَانَهُ مِنْ رَبِّهِ
وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا يَقُولْ
Mungguhing derajate ana ing ngarsaning Pangeran
lan Gusti Allah nguningani apa kang diucapake
اللَّهُ حَسْبِي وَكَفَى
قُلْ مَا تَشَأْ يَا ذَا الْفُضُولْ
Gusti Allah kang nyukupi lan nyembadani
ucapna sakarepmu, hey wong kang kakehan gunem
مَاذَا يَقُولُ الْمُنْكِرُونَ
فِيمَنْ لَهُ قَلْبٌ سَلِيمْ
Apa kang diucapake dening wong kang sélak
marang wong kang duweni ati kang slamet
مُحِبٌّ لِجَمِيعِ الْمُسْلِمِينَ
وَقَصْدُهُ الْمَوْلَى الْكَرِيمْ
Tresna marang kabeh umat Islam
lan tujuane mung marang Gusti Kang Maha Mulya
وَيَعْتَقِدْ فِي نَفْسِهِ
بِأَنَّهُ عَبْدٌ ذَمِيمْ
Lan dheweke ngrasa ana ing njeron batin
yen dheweke iku kawula kang asor lan ina
لَوْلَا عِنَايَةُ رَبِّهِ
لَكَانَ بَطَّالاً ضَلُولْ
Saupama dudu marga pitulungane Pangeran
mesthi dheweke dadi wong pengangguran kang sasar
اللَّهُ حَسْبِي وَكَفَى
قُلْ مَا تَشَأْ يَا ذَا الْفُضُولْ
Gusti Allah kang nyukupi lan nyembadani
ucapna sakarepmu, hey wong kang kakehan gunem