لِي فِي المَدِينَةِ أَحْبَابٌ إِذَا نَظَرُوا
I Have Beloveds In Medina; When They Gaze Upon Me
Jv
لِي فِي المَدِينَةِ أَحْبَابٌ إِذَا نَظَرُوا
إِلَيَّ وَلَّتْ هُمُومِي وَانْجَلَى الضَّرَرُ
Kula gadhah para kekasih wonten Madinah, menawi piyambake sedaya mirsani
dhateng kula, sedaya sisah sirna lan sedaya bebaya ilang
وَأَصْبَحَ القَلْبُ فِي أُنْسٍ وَفِي فَرَحٍ
جَمٍّ وَصَاحَبَنِي التَّوْفِيقُ وَالظَّفَرُ
Lan manah dados tentrem sarta kebak kabungahan
ingkang ageng, sarta pitulungan lan kamenangan tansah nunggil ing kula
يَا أَهْلَ طَيْبَةَ هَيَّا إِنَّنِي دَنِفٌ
وَإِنَّنِي لِلَّذِي أَمَّلْتُ مُنْتَظِرُ
Dhuh tiyang-tiyang ing Thoybah, mrikiya, sayektosipun kula nembe nandang branta
lan saestunipun kula nengga punapa ingkang kula idham-idhamaken
جَرَتْ عَوَائِدُكُمْ أَنَّ المُحِبَّ إِذَا
نَادَاكُمُ بِلِسَانِ الحُبِّ يَنْجَبِرُ
Sampun dados pakulinan panjenengan bilih tiyang ingkang nresnani menawi
nyebat panjenengan kanthi lathi katresnan badhe kaparingan panglipur
وَالحُبُّ مِلْءُ جَنَانِي بَلْ تَجَسَّمَ فِي
شَخْصٍ عَلَى صُورَتِي إِنْ دَلَّتِ الصُّوَرُ
Katresnan ngebaki manah kula, malah sampun mujud
ing dhiri kula piyambak, menawi rupa saged paring pratandha
يَا سَيِّدَ الرُّسْلِ أَدْرِكْنِي فَمَا بَقِيَتْ
لِي حِيلةٌ غَيْرُ حُبٍّ مِنْكَ مُدَّخَرُ
Dhuh Gustining para Rasul, tulungana kula amargi mboten wonten
daya upaya malih kejaba katresnan dumateng panjenengan ingkang kula simpen
لِلَّهِ مِيلادُكَ الغَالِي الذِي سَعِدَتْ
بِهِ البَسِيطَةُ وَانْجَابَتْ بِهِ الغِيَرُ
Konjuk ing Gusti miyos panjenengan ingkang mulya, ingkang
ndadosaken bumi rahayu lan sedaya pancabaya sirna
يَوْمٌ بِهِ ضَاءَتِ الدُّنْيَا فَمَا طَلَعَتْ
شَمْسٌ عَلَى مِثْلِهِ فِيهَا وَلَا قَمَرُ
Dinten nalika dunya dados padhang, mboten nate wonten
srengenge utawi rembulan ingkang mlethek kados dinten menika
تَحِيَّةٌ لَكَ مِنْ قَلْبٍ مُعَطَّرَةٌ
يَزِيدُ عَرْفَ شَذَاهَا رَوْحُكَ العَطِرُ
Salam taklim kagem panjenengan saking manah ingkang arum
gandane tambah wangi amargi ruh panjenengan ingkang suci
وَقَائِلٍ لِيْ مَا تَشْتَاقُ قُلْتُ لَهُ
أَشْتَاقُ طَيْبَةَ شَوْقاً لَيْسَ يَنْحَصِرُ
Lan wonten tiyang ingkang pitaken: "Apa kang sira kangeni?", kula paring wangsulan
"Kula kangen Thoybah kanthi kangen ingkang mboten wonten watesipun"
يَا قَائِدَ الجَوِّ أَنْزِلْنِي إِذَا لَمَعَتْ
لِعَيْنِكَ القُبَّةُ الخَضْرَاءُ وَالحُجَرُ
Dhuh pangarsa jumantara, mudhunna kula nalika sampun katingal
ing netra panjenengan kubah ijo lan kamar-kamar suci
هُنَاكَ أَقْصِدُ شُبَّاكَ الرَّسُولِ لِكَي    
أَسْتَغْفِرُ اللهَ حَيْثُ الذَّنْبُ يُغْتَفَرُ
Wonten mriku kula badhe tumuju cendhela Rasul supados
nyuwun ngapura dumateng Allah ing pangghenan dingapuraning dosa
عَلَيْكَ صَلَاةُ اللهِ مَا تُلِيَتْ    
فِي حَفْلِ مِيلادِكَ الآياتُ والسُوَرُ
Sholawatipun Allah mugi tetep katur dumateng panjenengan selaminipun
ayat-ayat lan surat dipun waos wonten pengetan miyos panjenengan
والآلِ والصَحْبِ وَالأَتْبَاعِ قَاطِبَةً
والغَوثِ والقطبِ والأحبَابِ إذْ حَضَرُوا
Lan dumateng kulawarga, sahabat, sarta sedaya pandherekipun
ugi para Ghaus, Quthub, lan para kekasih nalika sami rawuh