أَنَا مَالِي فِيَّاشْ
Apa ta darbekku?
Jv
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى الْمُصْطَفَى
حَبِيبِنَا مُحَمَّد عَلَيْهِ السَّلَام
Duh Allah, mugi paring rahmat dhumateng Sang Pilihan
Kekasih kita Muhammad, mugi kawilujengan kagem panjenenganipun.
أَنَا مَالِي فِيَّاشْ آشْ عَلَيَّا مِنِّي
نَقْلَقْ مِنْ رِزْقِي لَاشْ وَالْخَالِقْ يَرْزُقْنِي
Menapa daya kula tumrap sedaya? Menapa ingkang saged kula lampahi?
Kenging menapa kula kuwatir rejeki, kamangka Sang Khalik paring rejeki?
أَنَا عَبْدُ رَبٍّ لَهُ قُدْرَةٌ
يَهُونُ بِهَا كُلُّ أَمْرٍ عَسِير
Kula menika kawulanipun Gusti ingkang nggadhahi kuwaos
Kangge nggampilaken sedaya perkawis ingkang sakalangkung awrat.
فَإِنْ كُنْتُ عَبْدًا ضَعِيفَ الْقُوَّةِ
فَرَبِّي عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِير
Sanajan kula namung kawula ingkang ringkih kekiyatanipun
Nanging Gusti kula Maha Kuwaos dhumateng sedaya perkawis.
مِنِّي آشْ عَلَيَّ وَنَا عَبْدٌ مَمْلُوكْ
وَالْأَشْيَاءْ مَقْضِيَّا مَا فِي التَّحْقِيقْ شُكُوكْ
Menapa ingkang saged kula lampahi? Kamangka kula namung kawula
Sedaya perkawis sampun pinasti, mboten wonten malih mangu-mangu.
الْمَدَد الْمَدَد أَيَا رَسُولَ الله
وَاسْقِينَا بِالْمَدَد أَيَا حَبِيبَ الله
Mugi paring pitulungan, dhuh Utusanipun Allah
Lan paringana kita lubèring pitulungan, dhuh Kekasihing Allah.
رَبِّي نَاظِرْ فِيَّا وَنَا نَظَرِي مَتْرُوكْ
فِي الْأَرْحَامْ وَالْأَحْشَا مِنْ نُطْفَةٍ صَوَّرْنِي
Gusti mirsani kula, dene pandulu kula mboten wonten artosipun
Wonten ing rahim lan guwa garba, saking satetesing mani Panjenenganipun nggambar kula.
يَقُولُ لِمَا شَاءَ كُنْ فَيَكُونُ وَيُبْدِعُ سُبْحَانَهُ وَيُعِيد
وَيَحْكُمُ فِي خَلْقِهِ مَا يَشَاءُ وَيَفْعَلُ فِي مُلْكِهِ مَا يُرِيد
Panjenenganipun ngendika "dadosa" moko dados, Panjenenganipun ingkang miwiti lan mbalekaken
Panjenenganipun netepaken ingkang dipunkersaken, lan nindakaken karsa wonten ing Kraton-Ipun.