بُورِكْتِ يَا أُمَّ الْحَسَنَيْن
Pinuji panjenengan, dhuh ibunipun Hasan lan Husain
Jv
بُورِكْتِ يَا أُمَّ الْحَسَنَيْن
يَا فَاطِمَةْ الْزَّهْرَاءْ
Pinujia panjenengan, dhuh ibunipun Hasan lan Husain
dhuh Fatima az-Zahra
يَا آمِنَةْ يَا أُمَّ الزَّيْنْ
يَا حَامِلَةْ الْبُشْرَى
Dhuh Aminah, dhuh ibunipun lare ingkang bagus
dhuh ingkang mbeta kabar kabungahan
وَالسِّتِّ زَيْنَبْ نُورِ الْعَيْنْ
وَخَدِيجَةَ الْكُبْرَى
Lan Sayyidah Zainab pepadhangipun mripat
tuwin Khadijah ingkang agung
صَلُّوا عَلَى عَبْدِ اللهْ
مَنْ قَدْ أَتَى بِكِتَابِ اللهْ
Mugi paring sholawat dhumateng kawulanipun Allah
ingkang rawuh mbeta Kitabipun Allah
وَمَنْ بِهِ قَدْ أَسْرَى اللهْ
سُبْحَانَ مَنْ أَسْرَى
Lan ingkang dipun lampahaken dening Allah ing wanci dalu
Maha Suci Allah ingkang sampun nglampahaken
صَلُّوا عَلَى صَحْبِ الْمُخْتَارْ
رَسُولِنَا الْأَعْظَمْ
Mugi paring sholawat dhumateng para sahabatipun Al-Mukhtar
utusan kita ingkang paling agung
حَيُّوا عَليٍ خَيْرَ الْأَبْرَارْ
إِمَامَنَا الْأَكْرَمْ
Aturaken salam dhumateng Ali sae-saenipun tiyang mursid
imam kita ingkang paling mulya
وَعَلَى الْحُسَيْنْ نُورِ الْأَنْوَارْ
يَا سَعْدَ مَنْ سَلَّمْ
Lan dhumateng Husain cahyaning sedaya cahya
dhuh begja sanget tiyang ingkang paring salam
يَا أَهْلَ بَيْتِ الْمُصْطَفَى
عَلَيْكُمْ اَلْسَّلَامْ
Dhuh kulawarga dalemipun Al-Mustofa
mugi kawilujengan tansah katur dhumateng panjenengan sedaya
أَهْلَ الْأَمَانَةْ وَالْوَفَا
وَالْخَيْرِ وَالْإِكْرَامْ
Para tiyang ingkang nggadhahi amanah lan kasetyan
ugi kasaenan sarta kamulyan