اَلْهِجْرَةُ رِحْلَةُ هَادِيْنَا
Hijrah Punika Lampahing Panuntun Kita
Jv
اَلْهِجْرَةُ رِحْلَةُ هَادِيْنَا
حَمَلَ الْإِسْلَامَ لَنَا دِيْنَا
Hijrah punika lampahipun panuntun kita
mbeta Islam dhumateng kita minangka agami
فَسَلَامُ اللّٰهِ عَلَی الْهَادِيْ
وَالْكَوْنُ يُرَدِّدُ آمِيْنَا
Salamipun Allah mugi katur dhumateng Sang Panuntun
sedaya alam semesta nyebut "Amin"
رَحَلَ الْصِّدِّيقُ عَنِ الْدَّارِ
فِی صَحْبَةِ خَيْرِ الْأَبْرَارِ
As-Siddiq nilaraken dalemipun
ndherekaken manungsa ingkang sae piyambak
صَلَوَاتُ اللّٓهِ تُبَارِکُهُ
مَلَأَ الْدُّنْيَا بِالْأَنْوَارِ
Sholawatipun Allah paring berkah dhumateng piyambakipun
ngebaki jagad raya kanthi cahya-cahya
اَللّٰهُ تَكَفَّلَ يَحْمِيْهِ
وَعَلِيٌّ أَصْبَحَ يَفْدِيْهِ
Gusti Allah piyambak ingkang njagi piyambakipun
lan Ali sagah dados tebusan nyawanipun
وَبِسِرِّ الْقَوْمِ الْأَشْرَارِ
بِنْتُ الْصِّدِّيْقِ تُوَافِيْهِ
Ngandhut wadi saking kaum ingkang durjana
putrinipun As-Siddiq nemoni piyambakipun
وَصَلَ الْمُخْتَارُ إِلَی طَيْبَةْ
وَ الْكُفْرُ تَرَاجَع فِی خَيْبَةْ
Sang Pinilih sampun dumugi ing Taybah
lan kekafiran mundur kanthi kacuwan
وَ جُنُوْدُ اللّٰهِ تُحِيْطُ بِهِ
مِنْ نُوْرِ الْاِسْلَامِ الْهَيْبَة
Wadyabala Allah ngrubung piyambakipun
saking cahya Islam ingkang mawa prabawa
بِالْرُّوْحِ سَنَحْمِی الْمُخْتَارا
وَ نُقَاتِلْ عَنْهُ الْكُفَّارا
Kanthi nyawa kita badhe njagi Sang Pinilih
lan kita merangi kaum kafir kagem piyambakipun
عَهْدًا لِلّٰـهِ نُبَايِعُهُ
جُنْدًا لِلّٰـهِ وَ اَنْصَارا
Prasetya dhumateng Allah kita sumpahaken
minangka prajurit lan panyengkuyung margining Allah