يَا أَجْمَلَ الْأَنْبِيَاء
Oh Most Beautiful of Prophets
Jv
يَا أَجْمَلَ الْأَنْبِيَاء
يَا أَكْمَلَ الْأَصْفِيَاء
Duh ingkang paling endahing para nabi
Duh ingkang paling sampurnaning para pinilih
يَا خَاتَمَ الرُّسْلِ مَا
أَحْلَاكَ فِي قَلْبِي
Duh pungkasaning para utusan
Saiba manisipun Panjenengan wonten ing manah kula
يَا ذَا الَّذِي نُسْخَةُ
الْأَكْوَانِ فِيْكَ مَطْوِيَّ
Duh panjenengan ingkang mawi naskahing jagad
gumulung wonten ing dhiri Panjenengan
عَطِيَّةٌ أَزَلِيَّة
Minangka peparing ingkang langgeng ing azali
أَنْتَ الَّذِي أُعْطِيتَ
الشَّفَاعَةَ الْوَافِيَّة
Panjenengan ingkang pinaringan
syafaat ingkang jangkep sampurna
وَ الْخَلْقُ حِينَئِذٍ
يَلْتَمِسُونَ الْأَنْبِيَاءْ
Nalika para tumitah ing wekdal punika
sami pados pitulungan dhateng para nabi
ثُمَّ يُقَالُ لِلْأَنَامْ
قَدْ نِلْتُمُ الْأُمْنِيَّة
Lajeng dipun dhawuhaken dhateng manungsa
"Satepene sira wis nggayuh gegayuhanmu"
أَلَا اقْصِدُوْا مُحَمَّدًا
بَابَ الْإِلَهِ الْعَالِيَ
"Padha lumaku marang Muhammad"
"lawanging Pangeran Kang Maha Luhur"
آيَاتُهُ شَافِيَة
Pratandha-pratandhanipun dados jampi
وَهُوَ الْمُعَدُّ لَهَا
وَ ذُوَ الْثَنَاءِ الْوَافِيَ
Lan panjenenganipun pancen kacawisaken
sarta kagungan pepujian ingkang sampurna
ثُمَّ يُنَادِي سَاجِدًا
يَا رَبِّ جُدْ رَاضِيَـا
Lajeng panjenenganipun nyuwun sinambi sujud
"Duh Gusti, mugi paring kanugrahan kanthi ridha"
يُنَادِي اشْفَعْ يَا حَبِيْبِ
يَا صَفْوَةَ الْأَصْفِيَاءْ
Swantenipun: "Syafaata dhuh Kekasih!"
"Duh nabi ingkang suci ing antawisipun para pinilih"
وَسَلْ تُعْطَى مَا تَرُوْم
وَلَا تَدَعْ عَاصِيَا
"Nyuwuna, sira bakal kaparingan apa kang dikarepake"
"lan aja sira ninggalake wong kang kakehan dosa"
يَا صَفْوَةَ الْأَصْفِيَاءْ
Duh nabi ingkang suci ing antawisipun para pinilih
صَلُّوْا عَلَى مَنْ عَلَا
فَوْقَ السَّمَا رَاقِيَا
Mugi katur shalawat dumateng nabi ingkang mindhak
nginggilipun langit kanthi mulyo
هذَا حَبِيْبٌ غَدًا
عَنَّا العَنَـا مَـاحِيَا
Menika kekasih ingkang benjang
badhe ngicalaken sedaya reribet saking kita
يَا رَبَّنَا عَطَّفْ عَلَيْنَا
قَلْبَهُ الزَّاكِيَا
Duh Gusti, mugi Panjenengan lumerahaken dhateng kita
welas asih saking manahipun ingkang suci
وَاخْتِمْ لَنَا خِتَامَ مِسْكٍ
يَا مُجِيْبَ الدَّاعِيَا
Lan pungkasi gesang kita kanthi pungkasan arum
Duh Kang Maha Nyembadani panyuwunan
بِالْأَسْرَارِ الذَّاتِـيـــة
Kanthi prabawanipun rahasia-rahasia Dzat