هَذَا الْمَقَامُ الَّذِي لَاذَتْ بِهِ الْأُمَمُ
Menika maqam ingkang dados pangungsènipun para umat.
Jv
هَذَا الْمَقَامُ الَّذِي لَاذَتْ بِهِ الْأُمَمُ
وَأَذْعَنَتْ لِعُلَاهُ الْعُرْبُ وَالْعَجَمُ
Punika papan ingkang dados pangungsenipun sedaya umat
sarta tunduk dhateng kaluhuranipun bangsa Arab lan sanesipun.
هَذَا مَقَامُ رَسُولِ اللَّهْ أَكْرَمُ مَنْ
جَاءَتْهُ مِنْ رَبِّهِ الْأَحْكَامُ وَالْحِكَمُ
Punika papanipun utusanipun Allah, manungsa paling mulyo
ingkang nampi pepesthen sarta kawicaksanan saking Gustinipun.
هَذَا مُحَمَّدُ الْهَادِي الَّذِي مُحِيَتْ
عَنَّا بِنُورِ هُدَاهُ الْظُّلْمُ وَ الْظُّلَمُ
Punika Muhammad Sang Panuntun ingkang sampun ngicalaken
pepeteng saking kita kanthi cahya pituduhipun.
هَذَا الَّذِي قَدْ سَمَا فَوْقَ الْسَّمَا
إِلَى مَقَامِ عِزٍّ تَنَاهَتْ دُونَهُ الْأُمَمُ
Punika ingkang sampun minggah nglangkungi luhuring langit
dhateng drajat mulyo ingkang mboten saged dipun gayuh umat sanes.
يَا سَيِّدِي يَا رَسُولَ اللَّهْ يَا أَمَلِي
يَا مَنْ أَلُوذُ بِهِ إِنْ زَلَّتِ الْقَدَمُ
Duh bendaraku, duh utusanipun Allah, duh pengajeng-ajengku
duh papan kawula nyuwun pangayoman menawi suku nate kesandhung.
بِكَ اهْتَدَيْتُ إِلَى الْإِيمَانِ فَاتَّصَلَتْ
بِذَاكَ عِنْدِي مِنْ أَفْضَالِكَ الْنِّعَمُ
Kanthi panjenengan kula pikantuk pituduh iman, saengga
lumeber dhumateng kula sedaya nikmat saking kautaman panjenengan.
صَلَّى عَلَيْكَ إِلَهُ الْخَلْقِ مَا سَجَعَتْ
وَرْقٌ وَمَا هَطَلَتْ مِنْ سُحْبِهَا دِيَمُ
Mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad paring rahmat dhumateng panjenengan
saklawasipun peksi memuji lan jawah ngebaki bumi saking mega.