طَابَ لِي خَلْعُ عِذَارِي
Sekeca tumrapingsun uculing wirang
Jv
طَابَ لِي خَلْعُ عِذَارِي
فِي هَوَى الْبَدْرِ الْتَّمَامْ
Ndhemenake kanggoku nanggalkan kawirangan
ing sajroning asmara marang rembulan purnamaning sampurna
بِافْتِقَارِي وَانْكِسَارِي
أَرْتَجِيْ نَيْلَ الْمَرَامْ
Kanthi kacingkrangan lan asoring jiwaku
aku nyenyuwun nggayuh apa kang dadi gegayuhanku
يَا عَذُوْلِي لَا تَلُمْنِي
مَا عَلَى الْعَاشِقُ مَلَامْ
Duh wong kang maido, aja sira nyalahake aku
amarga ora ana panacad tumrap wong kang kasmaran
اُدْنُ مِنِّي وَارْوِ عَنِّيْ
أَنَا فِي الْعِشْقِ إِمَامْ
Cedhaka marang aku lan critakna saka aku
satemene aku iki pimpinan ing babagan asmara
خَمْرَةُ الْأَحْبَابِ تُجْلَ
هِيَ حِلٌّ لَا حَرَامْ
Inumane para kekasih wis sinuntak
iku dadi barang kang halal dudu barang kang haram
مِنْ عُيُونِ الْعِيْنِ تُمْلَى
صَانَهَا الْبَرُّ الْسَّلَامْ
Saka sumbering mripat iku diiseni
rinaksa dening Gusti Kang Maha Becik lan Maha Sejahtera
يَا أَخَا الْأَشْوَاقِ يَمِّمْ
سَيِّدَ الْرُّسْلِ الْكِرَامْ
Duh sedulur kang nandhang kangen, tujokna lakumu
marang gustine para utusan kang mulya
وَاغْنَمِ الْذِّكْرَ وَزَمْزِمْ
بِصَلَاةٍ مَعْ سَلَامْ
Ngalapa bathi kanthi dzikir lan lantarana
kanthi sholawat sarta salam kang tumanem
لِحَبِيْبِ الله أَحْمَدْ
كُلَّمَا جَنَّ الْظَّلَامْ
Katur marang kekasihe Allah, yaiku Kanjeng Nabi Ahmad
saben-saben petenging wengi wis tumeka
كُلُّ مَنْ وَالَاهُ يَسْعَدْ
وَيَنَالْ حُسْنَ الْخِتَامْ
Sapa wae kang nresnani dheweke bakal nemu kabagyan
sarta nggayuh pungkasaning urip kang endah