Jv
حَسْنَاءُ تُرْبِعُنَا
دَوْمًا وَتَعْرِفُنَا
Cahya ayu ingkang ngrumat kita
Salawase lan ngenali kita
حَلَّتْ لِتَمْنَحَنَا
عَدْلًا وَإِحْسَانَا
Piyambake rawuh paring kita
Keadilan sarta kabecikan
مِنْ قُدْرَةٍ شَرُفَتْ
مَيْمُونَةٌ عُرِفَتْ
Saking panguwasa ingkang mulyo
Ingkang berkah lan sampun kawentar
بِالْحُسْنِ قَدْ وُصِفَتْ
سِرًّا وَإِعْلَانَا
Kanthi kaendahan sampun kasebat
Kanthi batin sarta lair
تَكَامَلَتْ أَلَقَا
خَلْقًا حَكَى خُلُقَا
Sampurna kanthi sorot padhang
Kedadosane madhani budine
وَالْكُلُّ مُتَّسِقا
مِنْهُ الْضِّيَا بَانَا
Lan sedaya katingal selaras
Saking mriku cahya jumedhul
رَاقَتْ مَشَارِبُهَا
نِيلَتْ مَطَالِبُهَا
Bening sumber-sumber unjukane
Kagayuh sedaya gegayuhane
صَارَتْ مَنَاقِبُهَا
لِلْفَخْرِ كَيْوَانَا
Maneka warni kautamane
Dados puncak kamulyan
عَمَّتْ مَآثِرُهَا
سَارَتْ بَشَائِرُهَا
Sumebar sedaya lelabuhane
Lumampah kabar kabungahane
تَهْدِي خَوَاطِرُهَا
الْأَرْوَاحَ إِيقَانَا
Nuntun sedaya panggalihe
Marang ruh-ruh kanthi kiyakinan
فِي وَصْفِهِ عِبَرٌ
لَمْ يَحْكِهَا بَشَرٌ
Ing sipate wonten piwulang
Ingkang mboten nate kocap manungsa
وَالْكُلُّ مُنْبَهِرٌ
مَا انْفَكَّ هَيْمَانَا
Lan sedaya sami gumun
Tansah nandhang katresnan
فَقَامَةٌ رَبْعَةْ
كَمَا تَرَى طَبْعَهْ
Dedeg piadege sedeng
Kados dene watake
تَفُوقُ بِالطَّلْعَهْ
مَنْ طَالَ سِيقَانَا
Ngungkul-ungkuli pasuryan
Saking tiyang ingkang dhuwur sikile
فِي وَجْهِهِ قَمَرٌ
فِي ثَغْرِهِ دُرَرٌ
Ing pasuryane wonten rembulan
Ing tutuke wonten mutiara
فِي نُطْقِهِ خَفَرٌ
بِالْصَّمْتِ قَدْ زَانَا
Ing pangucape wonten wirang
Kanthi nengem sampun ngrerenggani
وَجَبْهَةٌ عَرُضَتْ
لِلَّهِ قَدْ خُفِضَتْ
Lan bathuk ingkang jembar
Marang Allah sampun tumungkul
وَبِالْنُّهَى نَهَضَتْ
عِزًّا وَعِرْفَانَا
Kanthi akal budi jumeneng
Kanthi mulyo lan makrifat
فِي وَجْهِهِ بَلَجٌ
فِي عَيْنِهِ دَعَجٌ
Ing pasuryane wonten padhang
Ing mripate wonten cemeng sanget
فِي حَاجِبٍ زَجَجٌ
بِالْحُسْنِ مُزْدَانَا
Ing alis wonten tipis dawa
Kanthi kaendahan kapaèsan
إِنْ رِيءَ يَتْبَعُهُ
نُورًا يُزَامِنُهُ
Manawa katingal bakal ngetutake
Cahya ingkang tansah ngancani
فَالْأَنْفُ مَارِنُهُ
أَقْنَى وَحِدْبَانَا
Irung ingkang dhuwur perangane
Mancung lan nengkung sithik
وَثَغْرُهُ ضَلِعٌ
وَالْصَّدْرُ مُتَّسِعٌ
Tutuke jembar nanging pantes
Lan dhadhane ugi jembar
وَالْبَطْنُ مُرْتَجِعٌ
بِالْصَّدْرِ خَمْصَانَا
Wetenge roto lan singset
Manunggal kaliyan dhadhane
وَالْوَجْهُ دُرِّيٌّ
وَالْلَّوْنُ وَرْدِيٌّ
Pasuryane kados mutiara
Lan wernane kados mawar
وَالْرُّوحُ نُورِيٌّ
أَضَاءَ أَكْوَانَا
Ruhipun kebak cahya
Madhangi sedaya jagad
ضَخْمُ الْكَرَادِيسِ
زَاكِي الْأَحَاسِيسِ
Balung sendine ageng
Perasaane suci resik
فَرْدُ الْنَّوَامِيسِ
مَا مِثْلُهُ كَانَا
Piyambak ing paugeran
Mboten wonten ingkang madhani
أَكْحَلُ أَجْفَانٍ
أَشْنَبُ أَسْنَانٍ
Mripate celakan alam
Untune putih kados dhalima
حَبَّاتُ رُمَّانٍ
هَلْ رَيْتَ رُمَّانَا
Kados isinipun dhalima
Punapa panjenengan nate sumerep dhalima?
وَلِحْيَةٌ كَثَّا
تَنَاسَقَتْ بَثَّا
Jenggot ingkang kethel
Tumata kanthi sae
وَجُمَّةٌ أَثَّا
لَمْ تَعْدُ آذَانَا
Rikma ingkang lebat
Mboten nglangkungi kuping
بَدْرُ الْدُّجَى فَمُهُ
إِنْ رِيءَ مَبْسَمُهُ
Rembulan peteng punika tutuke
Nalika katingal eseme
وَالْكُلُّ مَنْسَمُهُ
بَرًّا وَخُلْجَانَا
Sedaya punika dalane
Ing dharatan lan segara
فَالْرَّحْمُ وَاصِلُهُ
وَالْكَلُّ حَامِلُهُ
Tali paseduluran dipun sambung
Lan sesanggan dipun pikul
وَالْخَيْرُ فَاعِلُهُ
سِرًّا وَإِعْلَانَا
Kabecikan dipun tindakaken
Kanthi batin sarta lair
فِي الْخَلْقِ هَيْبَتُهُ
فِي الْحَقِّ غَيْبَتُهُ
Ing mahluk wonten kewibawaane
Ing bebener wonten fana-ne
تَفُوقُ طِيبَتُهُ
جِنًّا وَإِنْسَانَا
Ngluwihi kabecikane
Saking jin sarta manungsa
وَحَبْلُ سُرَّتِهِ
مِنْ حُسْنِ غُرَّتِهِ
Tali puseripun
Saking endahing cahya bathuke
مَا مِثْلُ نَظْرَتِهِ
عِزًّا وَإِيْمَانَا
Mboten wonten madhani sawangane
Kanthi mulyo sarta iman
قَدْ دَقَّ مَسْرُبَةً
وَفَاقَ مَرْتَبَةً
Garis rambut wetenge tipis
Lan ngungkul-ungkuli drajat
وَعَزَّ مَنْقَبَةً
سَادَ الْوَرَى شَانَا
Lan mulyo ing kautaman
Mimpin mahluk ing kalungguhan
قَلِيلُ لَحْمِ عَقِبْ
وَالْصَّدْرُ مِنْهُ رَحِبْ
Thithik daging ing tungkak
Lan dhadhane ugi jembar
فَصْلَ الْخِطَابِ وُهِبْ
فَفَاقَ سَحْبَانَا
Wicara tegas dipun paringi
Ngungkul-ungkuli Sahban
كَالْمِسْكِ فِي هَبَبٍ
يَنْحَطُّ مِنْ صَبَبٍ
Kados minyak misik ing angin
Tumurun saking papan dhuwur
يُنْسِي أَخَا تَعَبٍ
أَهْلًا وَبُلْدَانَا
Ndadosaken lali tiyang kang sayah
Marang batih lan nagara
فَحُبُّهُ إِيمَانْ
وَبُغْضُهُ كُفْرَانْ
Tresna marang piyambake iku iman
Lan sengit iku kufur
يَا وَيْلَ مَنْ قَدْ شَانْ
فِي الْمَدْحِ إِنْسَانَا
Dhuh cilaka wong kang nyacad
Manungsa ing dalem pamuji
يَا رَبِّ أَسْعِدْنَا
بِنُورِهِ عِدْنَا
Duh Pangeran, paringana kabegjan
Kanthi cahyane Panjenengan timbali
حَتَّى نَرَى الْحُسْنَى
دُنْيَا وَأُخْرَانَا
Nganti kita saged sumerep kabecikan
Ing donya lan akhirat kita
صَلَّى وَسَلَّمَ مَنْ
أَوْلَى الْوَرَى مِنَنَا
Sholawat sarta salam saking Dzat
Ingkang paring kanugrahan mahluk
عَلَى الْنَّبِيِّ زَمَنَا
رَبٌّ عَلَا شَانَا
Katur dumateng Nabi ing saben wektu
Pangeran ingkang luhur drajate
كَذَلِكَ الْزَّهْرَا
وَأُمِّهَا الْغَرَّا
Semanten ugi dumateng Az-Zahra
Sarta ibunipun ingkang mulyo
وَآلِهِمْ طُرَّا
مَا الْبَدْرُ نَاغَانَا
Lan dumateng sedaya batih
Selamine rembulan nemoni kita