مَعَانِي قَدْ بَدَتْ عِنْدِي غَرِيبَهْ
Makna-makna elok sampun kawedhar dhateng kula.
Jv
مَعَانِي قَدْ بَدَتْ عِنْدِي غَرِيبَهْ
وَمَا تُفْضِي إِلِيْهْ بَعْدُ أَغْرَبْ
Makna-makna elok wus katon ing ngarsaku
Lan apa kang dadi wekasane luwih nggumunake maneh
مِنَحْ مِنْ فَضْلِ مَوْلَانَا عَجِيبَهْ
وَمَاذَا فِي عَطَاهُ لَيْسَ أَعْجَبْ
Peparing saking kanugrahan Gusti kita nyata eloke
Lan apa ta ing peparing-E kang mboten nggumunake?
وَعِيدُ الْصَّبِ أَنْ يَلْقَى حَبِيبَهْ
وَسُبْحَانَ الَّذِي قَرَّبْ وَحَبَّبْ
Riyayaning asmara yaiku panggih marang Kekasihe
Maha Suci Gusti kang nyelakake lan nandur tresna iki
مَعِي أَقْوَامْ فِي أَعْلَى كَتِيبَهْ
لَهُمْ أَسْرَارْ لَا تُحْصَى وَتُكْتَبْ
Sesarengan aku ana golongan ing drajat kang luhur
Kagungan wadi-wadi bathin kang ora kena dietung lan tinulis
مَوَاهِبْ عَالِيَةْ مَا هِيْ كَسِيبَهْ
وَإِحْسَانُ الْمُهَيْمِنْ لَيْسَ يُحْسَبْ
Iki peparing kang luhur dudu asiling rekasa
Amarga kabecikaning Gusti Kang Maha Jaga ora kena kinira
وَمَنْ لُهْ سَابِقَهْ يُدْرِكْ نَصِيبَهْ
مُوَفَّى دُونَ أَنْ يَشْقَى وَيَتْعَبْ
Sapa wae kang kagungan garis pepesthen becik bakal nampa bageane
Diparingi kanthi sampurna tanpa ngrasakake rekasa lan sayah
وَنَفْحَةُ بَاسِطِ الْنَّعْمَى قَرِيبَهْ
تَعَرَّضْ يَا فَتَى مِنْهَا تَقَرَّبْ
Angin sumilir saking Gusti Kang Maha Jembar paringane wus cedhak
Mapaga sira dhuh mudha, lan nyelaka marang Panjenengane
عَسَى الْمَكْلُومْ أَنْ يَلْقَى طَبِيبَهْ
فَيُضْحِي الْعِيْشْ لُهْ أَطْيَبْ وَأَطْيَبْ
Mbok menawa kang tatu bakal panggih marang tambane
Saengga uripe dadi luwih manis lan luwih suci
وَصَلَّى اللهُ مَا أَفْهَامٌ نَجِيبَهْ
وَعَتْ قَوْلاً بِمَاءِ الْعَيْنِ يُكْتَبْ
Muga Gusti paring rahmat salawase akal kang luhur
Mahami dhawuh kang pantes tinulis nganggo eluh mripat
عَلَى خَيْرِ الْوَرَى الْهَادِي حَبِيبِهْ
وَآلِهْ وَالَّذِي لِلْطُّهْرِ يَصْحَبْ
Katur marang manungsa pinunjul, sang Panutan, Kekasih-E
Sarta kulawarga lan kabeh kang ndherekake ing kasucian