لِغَيْرِ جَمَالِكُمْ نَظَرِي حَرَامُ
Dhumateng sanesipun kaendahan panjenengan, paningal kulo haram.
Jv
لِغَيْرِ جَمَالِكُمْ نَظَرِي حَرَامُ
وَغَيْرُ كَلَامُكُمْ عِنْدِي كِلَامُ
Dhumateng sanesipun kaendahan panjenengan, pandulu kula haram
sarta sanesipun pangandikan panjenengan tumrap kula namung ginem sembarang
وَعُمْرُ الْنَّسْرِ مِنْكُمْ بَعْضُ يَوْمٍ
وَسَاعَةُ غَيْرِكُمْ عَامٌ فَعَامُ
Umuripun peksi elang sesarengan panjenengan namung sawetara dinten
nanging sajam kaliyan sanesipun rumaos warsa demi warsa
وَصَبْرِي عَنْكُمُ شَيْءٌ مُحَالٌ
وَمَا لِي قَاتِلٌ إِلَّا الْفِطَامُ
Kesabaran kula tanpa panjenengan punika mokal
lan mboten wonten ingkang mejahi kula kajaba pepisahan
إِذَا عَايَنْتُكُمْ زَالَتْ هُمُومِيْ
وَإِنْ غِبْتُمْ دَنَا مِنِّيْ الْحِمَامُ
Nalika kula nyawang panjenengan, sirna sedaya kasusahan kula
nanging bilih panjenengan mboten wonten, pejah nyelak dhumateng kula
أَوَدُّ بِأَنْ أَكُونَ لَكُمْ جَلِيسًا
وَتُنْصَبَ لِي بِرَبْعِكُمُ خِيَامُ
Kula kepengin sanget dados kanca lenggah panjenengan
sarta supados tarub kula dipun edegaken ing papan panjenengan
فَدَاوُوا بِالْوِصَالِ مَرِيضَ هَجْرٍ
يَهِيمُ بِكُمْ إِذَا سَجَعَ الْحَمَامُ
Mula tambanana kanthi pepanggihan tiyang ingkang sakit amargi pisah
ingkang kasmaran dhumateng panjenengan nalika peksi dara memuji
حَدِيثُ غَرَامِهِ فِيكُمْ قَدِيمٌ
وَمَلْبَسُهُ مِنَ الْحُبِّ الْسِّقَامُ
Cariyos katresnanipun dhumateng panjenengan punika cariyos lami
lan agemanipun amargi tresna inggih punika sesakit
فَأَنْتُمْ فِي الْأُصُولِ أَجَلُّ أَصْلٍ
إِذَا شِئْتُمْ تَحَصَّلَ لِي الْمَرَامُ
Amargi panjenengan punika asal-usul ingkang paling mulya
bilih panjenengan kersa, sedaya gegayuhan kula badhe kaleksanan
بِكُمْ صَعْبُ الْأُمُورِ يَعُودُ سَهْلًا
فَبِالْإِحْسَانِ جُودُوا يَا كِرَامُ
Lantaran panjenengan prakawis ingkang awrat dados gampil
mula kanthi kabecikan, paringana kamirahan, dhuh tiyang-tiyang mulya
وَلَيْسَ سِوَاكُمُ لِلْجُودِ أَهْلًا
فَكَيْفَ نَزِيلُ سُوحِكُمُ يُضَامُ
Lan mboten wonten sanesipun panjenengan ingkang pantes ahli loman
mila kados pundi tamu ing latar panjenengan saged kaniaya